Selasa, 13 Maret 2018

Serat Wedhatama (Pitutur ingkang Utama)


Serat wedhatama menika salah satunggaling Serat anggitanipun KGPAA Mangkunagara IV ingkang miyos kanthi asma Radèn Mas Sudira ing dinten Senin Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawi taun Masehi 3 Maret 1811.
Tembung Serat Wédhatama dumados saking tigang wanda, inggih menika: serat, wédha lan tama. Serat, tegesipun tulisan utawi kasusastran. Wédha tegesipun kawruh utawi ajaran, lan tama ateges utama, sae, inggil, utawi luhur. Dados, Serat Wedhatama menika tegesipun satunggaling susastra ingkang ngemot kawruh ajarah kautaman supados gesang menika saged luhur utawi sae.
Serat Wedhatama kasusun mawi 5 pupuh Macapat, inggih menika 14 pada Macapat Pangkur, 18 pada Macapat Sinom, 15 pada Macapat Pocung, 35 pada Macapat Gambuh, lan 18 pada Macapat Kinanthi.

Pupuh Pangkur
Pupuh Sinom
Pupuh Pocung
Pupuh Gambuh
Pupuh Kinanthi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar