Cakepan lan Tegesipun Pupuh Pangkur
1
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
Nebihi
sipat awon
amargi
remen kagem ndhidhik putra
katata
ing endahing tembang
dipaes
supados endah
supados
kagayuh budi pakarti ingkang luhur
ingkang
wonten ing tanah Jawi
agama
minangka paugeran utama.
Meredam nafsu angkara dalam diri
hendak berkenan mendidik putra-putri
tersirat dalam indahnya tembang
dihias penuh variasi
agar menjiwai hakekat ilmu luhur,
yang berlangsung di tanah Jawa (Nusantara)
agama sebagai “pakaian” kehidupan.
2
Jinejer neng Wedatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi asepa lir sepah samun,
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglelingsemi
Jinejer neng Wedatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi asepa lir sepah samun,
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglelingsemi
Disusun
ing Serat Wedhatama
supados
boten kendho budi ingkang sae
sanajan
sampun sepuh lan pikun
yen
boten mangertos ilmu raos
estu
sepi kados sepah ing tanpa guna
wonten
ing pakumpulan
tumindakipun
crobo lan ngisin-isini.
Disajikan dalam serat Wedhatama
agar jangan miskin pengetahuan
walaupun sudah tua pikun
jika tidak memahami rasa sejati (batin)
niscaya kosong tiada berguna
bagai ampas, percuma sia-sia,
di dalam setiap pertemuan
sering bertindak ceroboh memalukan.
3
Nggugu karsaning priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ing ngaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis
Nuruti
pikajenganipun piyambak
boten
aturan menawi atur pangandikan
nanging
boten purun dipunanggep bodho
remen
dipunalem
Dene
manungsa ingkang sampun mangertos ilmu sejati
boten
saged dipunsangka
tumindakipun
tansah sae.
Mengikuti kemauan sendiri
Bila berkata tanpa dipertimbangkan (asal bunyi)
Namun tak mau dianggap bodoh
Selalu berharap dipuji-puji
(sebaliknya) Ciri orang yang sudah memahami (ilmu sejati)
tak bisa ditebak
berwatak rendah hati, selalu berprasangka baik.
4
Si pengung nora nglegewa
Sangsaya rda denira cacariwis
Ngandhar-andhar angendhukur
Kandhane nora kaprah
saya elok alangka longkanganipun
Si wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang si pingging
Si
bodho boten mangertos
wicantenanipun
saya ndadra
nglantur
boten kantenan
wicantenanipun
boten kaprah
saya
aneh boten wonten andhege
Si
pinter nggateaken lan ngalah
nutupi
kaawonanipun si bodho.
Si dungu tidak menyadari
bualannya semakin menjadi jadi
ngelantur bicara yang tidak-tidak
bicaranya tidak masuk akal
makin aneh tak ada jedanya
(lain halnya) Si Pandai cermat dan mengalah
menutupi aib si bodoh.
5
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaran cubluk
Sukeng tyas yen denina
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaran cubluk
Sukeng tyas yen denina
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip
Mekaten ilmu ingkang nyata
ing kasunyatan maringi
katentreman ati
remen dipunarani bodho
tetep remen menawi dipunina
boten kados Si bodho ingkang
tansah kumalungkung
remen dipunalem saben dinten
sampun mekaten tiyang gesang
menika.
Demikianlah
ilmu yang nyata
Senyatanya memberikan ketentraman hati
Tidak merana katakan bodoh
Tetap gembira jika dihina
Tidak seperti si dungu yang selalu sombong
Ingin dipuji setiap hari
Janganlah begitu caranya orang hidup.
Senyatanya memberikan ketentraman hati
Tidak merana katakan bodoh
Tetap gembira jika dihina
Tidak seperti si dungu yang selalu sombong
Ingin dipuji setiap hari
Janganlah begitu caranya orang hidup.
6
Uripe sepisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
Pindha padhane si mudha
Prandene paksa kumaki
Gesang
sepisan mawon risak
boten
ngrembaka, nalaripun risak.
Upaminipun
guwa ingkang peteng nggegirisi
dipunterak
angin
swantenipun
nggerem gumrunggung.
Kadosdene
watak pemudha
taksih
gadhah raos kumaki.
Hidup sekali saja berantakan
Tidak berkembang, pola pikirnya carut marut.
Umpama goa gelap menyeramkan
dihembus angin
Suaranya gemuruh menggeram
berdengung.
Seperti halnya watak anak muda
masih pula berlagak congkak.
7
Kikisane mung sapala
Palayune ngendelken yayah wibi
Bangkit tur bangsaning luhur
Lha iya ingkang rama
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata krama
Nggon anggon agama suci
Tujuan/
ancas gesangipun cendhek
lampahipun ngandelaken tiyang sepuhipun
ingkang
katingal minulya
nanging
menika bapakipun
dene
sampeyan mangertos mawon ugi dereng
marang
tatakrama
ing
ajaran agama ingkang suci.
Tujuan hidupnya begitu rendah
maunya mengandalkan orang tuanya
yang terpandang serta bangsawan
itu kan ayahmu
sedangkan kamu kenal saja belum
akan hakikatnya tata krama
dalam ajaran yang suci.
8
Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh asor kudu unggul
Semengah sesongaran
Yen mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki
Gambaran
saking jiwa ragamu
katingal
cetha najan tuturipun alus
sipat
boten purun ngalah, kedah paling unggul
umuk,
kathah wicantenan.
Menawi
ingkang mekaten, dipunsebat tiyang ingkang katungkul
nyombongaken
marang dhiri piyambak
menika
boten sae, Nak.
Cerminan dari dalam jiwa ragamu
nampak jelas walau tutur kata halus
sifat pantang kalah maunya menang sendiri
sombong besar mulut.
Bila demikian itu, disebut orang yang terlen
puas diri berlagak tinggi
tidak baik itu, Nak.
9
Kekerane ngelmu karang
Kekarangan saking bangsaning gaib
Iku boreh paminipun
Tan rumasuk ing jasad
Amung aneng sajabaning daging kulup
Yen kapengok pancabaya
Ubayane mbalenjani
Ing
ilmu ingkang dipun rekadaya
rekadaya
saking bangsa ghaib
menika
umpaminipun wedhak
boten
nresep ing jasad
namung
wonten ing sajawinipun kulit.
Yen
kenging bebaya
sagedipun
namung ngendhani.
Di dalam ilmu yang dikarang-karang (sihir/rekayasa)
rekayasa dari hal-hal gaib
itu umpama bedak
tidak meresap ke dalam jasad,
hanya ada di kulitnya saja nak
bila terbentur marabahaya,
bisanya menghindari.
10
Marma ing sabisa-bisa
Bebasane muriha tyas basuki
Puruita-a kang patut
Lan traping angganira
Ana uga angger ugering kaprabun
Abon aboning panembah
Kang kambah ing siyang ratri
Pramila sasaged-sagedipun
ngupayaaken tansah nggadhahi
ati ingkang sae
maguru kanthi trep
ingkang sami kaliyan sampeyan.
Wonten ugi aturan lan paugeran
negara
syarat tumrap abdi
ingkang lumampah siyang dalu.
Maka dari itu sebisa-bisanya
upayakan selalu berhati baik
bergurulah secara tepat
yang sesuai dengan dirimu.
Ada juga peraturan dan pedoman bernegara
menjadi syarat bagi yang berbakti
yang berlaku siang malam.
11
Iku kaki takok-ena
marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus
Kawawa nahen hawa
Wruhanira mungguh sanyataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wredha
Tuwin mudha sudra kaki
Nak, coba nyuwun pirsa
marang para sarjana ingkang
saweg ngudi ngelmu
marang para suri tuladha
ingkang leres
sanggup nahan hawa nepsu.
Kawruh sampeyan inggih
sanyatanipun ngelmu
boten mesthi ing tiyang
ingkang sepuh
ugi ing para mudha sarta
kekirangan.
Itulah Nak, tanyakan
kepada para sarjana yang menimba ilmu
kepada jejak hidup para suri tauladan yang benar
dapat menahan hawa nafsu.
Pengetahuanmu adalah senyatanya ilmu,
Yang tidak harus dikuasai orang tua,
Bisa juga bagi yang muda atau miskin, Nak!
12
Sapantuk wahyuning Allah
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit
Bangkit mikat reh mangukut
Kukutaning jiwangga
Yen mengkono kena sinebut wong sepuh
Lire sepuh sepi hawa
Awas roroning atunggil
Sinten ingkang pikantuk wahyu
Gusti
kanthi cepet lan trep nampi
ngelmu
saged nguwasani ngelmu
kasampurnan
kasampurnan jiwaraga.
Yen mekaten kasebat tiyang
sepuh
ingkang ateges boten
dipunkuwasani hawa nepsu
mangertos manunggaling kawula
Gusti
Siapapun yang menerima wahyu Tuhan
dengan cermat mencerna ilmu tinggi
mampu menguasai ilmu kasampurnan
kesempurnaan jiwa raga.
Bila demikian pantas disebut “orang tua”
arti “orang tua” adalah tidak dikuasai hawa nafsu
paham akan dwi tunggal (menyatunya sukma dengan Tuhan).
13
Tan samar pamoring sukma
Sinuksmaya winahya ing ngasepi
Sinimpen telenging kalbu
Pambukaning warana
Tarlen saking liyep layaping aluyup
Pindha pesating sumpena
Sumusuping rasa jati
Boten samar nalika nyawiji
nresep karem ing eningipun
semedi
dipunsimpen ing salebeting ati
minangka pambuka tutup
(satir).
Kawitanipun, saking kahanan
sadhar lan boten sadhar
kados lampah ngimpi
nresepipun rasa sejati.
Tidaklah samar-samar saat sukma menyatu
meresap terpatri dalam keheningan semadi
diendapkan dalam lubuk hati
menjadi pembuka tabir.
Berawal dari keadaan antara sadar dan tiada
Seperti terlepasnya mimpi
Merasuknya rasa yang sejati.
14
Sejatine kang mangkana
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
Bali alaming ngasuwung
Tan karem arameyan
Ingkang sipat wisesa winisesa wus
Mulih mula ulanira
Mulane wong anom sami
Sejatinipun ingkang mekaten
sampun pikantuk anugrahipun
Gusti
wangsul menyang alam ingkang
ngosongaken
boten remen ngumbar nepsu
kadonyan
ingkang asipat kuwasa
nguwasani. Sampun
wangsula ing asal mula
sampeyan
he, para mudha!
Sebenarnya
keadaan itu
merupakan
anugrah Tuhan
kembali
ke alam yang mengosongkan
tidak
mengumbar nafsu duniawi
yang
bersifat kuasa menguasai.
Kembalilah
ke asal muasalmu
wahai
anak muda sekalian!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar